Wisata

Warga Purwa Grudug Pasar Legenda Watu Gede Magelang

Jumat, 13 September 2019 13.34

Suara Purwokerto - Ngrasakna Nikmat kuliner bareng Brayat ngapak Warga Purwa Jogja, dadi salah sijine sing gawe seneng kanggone silaturahmi kumpul bareng kanca Warga Purwa sing manggon nang Jogja. Utamane Jogja lan sekitare. Ora kalah Magelang sering dadi jujugan pecinta kuliner sing duweni karakter cita rasa sing khas. Magelangan. Jan wis kaya Urip Nang umahe dewek Purwakerta, bisa ngilangaken rasa kangen tumrap panganan Banyumas sing melegenda.

Kanggo ngisi wektu silaturahmi brayat Warga Purwa hehehe..Lurahe WP.Jogja....kang Poernomo SH duwe ide inisiatip sing jos pisan. Acarane bisa ngumpulaken balung pisah wong Purwakerta, dibarengaken pertemuan routine 3 bulanan, diracik acarene Kuliner Bareng tambah wisata Budaya nang Magelang. Jan ora kur rileks thok nyatane uga bisa ngrasakna panganan "Tempo Dulu" wektu tesih bocah. Ragam kuliner kiye uga duwe cerita sing menarik.
Kaaran Pasar Pondok Watu Gede desa Bandongan sing digawe nyleneh. Kawitane  sing duwe ide kelompok Remaja desa,..ngada ada panggonan wisata, sing nyediani ragam kuliner tempo dulu. Kabeh digawe cara tempo dulu. Wisatawan sing pada teka nek Arep tuku kudu nganggo duwit "benggol" sing saben Sebenggol setara Rp.2.000,- panganan sing dodol dikemas secara alami..sekang piring, cangkir, sendok kabeh dikemas nganggo bahan non plastik. Kabeh dipencuk sarwa godong Gedang. Pengunjung "dilarang keras" nggawa plastik, dan panganan model siki dll.(panganan model sekiye). Akeh pilihan kuliner khas pedesaan Nusantara sing bisa dinikmati wisatawan Nang kene. Panganan sing didol utawane : Pecel. Sega Abang/ kuning, megana, krawu, tengkleng , sate wedus, ayam, sapi, sate jamur, soto bathok,  lontong sayur, Sega jagung, lontong opor, lontong sayur, cenil, gorengan  mendoan , tiwul, lupis, getuk.dll Kabeh panganan tradisional  tempo dulu.. Wis Jan arep golet apa baen ana. Sing Kabeh mau ditekakna, sing adol masyarakat desa, kudu nganggo klambine Surjan, nyampingan kabeh. Sing dodol Nang 65 gerai kuliner legendaris.
kelg. WP Jogja sing melu, wis Jan seneng pisan.
Sajeroning dodolan,, penikmat wisata ora perlu repot2 kudu bali maring Purwakerta, nek kangen kanggone nemokaken  kuliner legendaris nalika tesih bocah, Kabeh panganan jadul ana kabeh nang kene. Mulane Jan kang Poernomo selaku sesepuh WP Jogja, milih acara kiye pas pisan, wisata kuliner bernostalgia, kumpul Brayat Ngapak...bisa ngakak...tapi tetep kompak. Pasar kampung legendaris Watu gede Magelang bukake kur dina Minggu legi lan Paing thok. Lewat kegiatan pasar kuliner legendaris sing diprakarsai pemuda pancen elok banget ngurangi pengangguran desa. Sekali Gus bisa menghibur WP Jogja  sing kepetung umure tuwa. Uga melu nguri uri pelestarian budaya bangsa lewat kepedulian tumrap kuliner indonesia. Kon ora ilang sepanjang jaman tumrap generasi nom.

Mage ide kiye perlu direcomendasi nang  Banyumas, Lewat wisata Kampung legendaris bisa Mangayubagyo nylametaken budaya sing wis ana nang wilayah Banyumas. Utawane melu urun ujare pemerintah, sing lagi getol nguri uri "budaya bersih tanpa plastik". Nang daerah Banyumas potensi ekonomi lewih akeh panggonan sing bisa digarap.

Ndeleng ibu2 kelg Warga Purwa seneng kesemsem buktine pada betah ora pada gelem Bali.

     __

Penulis: Safari Hidayat

Editor: Ismer

Berita Terkait

Copyright ©2024 Suara Purwokerto. All Rights Reserved

Version: 1.23.3 | Build ID: FHBRa1vRFd-dgFqX1RoWX