Suara Purwokerto - Magelang kue kabupaten sejuta pesona sing Jarake kang Jogja pendek terjangko kanggo wisata Sedina. Apa maning Babagan biaya pelesir ke obyek wisata e ya kepetung murah sebab bisa nganggo mobil pribadi . Mulane kang Poer sekanca kelompok C milih Magelang Jan ora salah. Sebab sekali dolan bisa ndeleng wisata alam, seni tari tradisional, taman panorama bunga sing ditata apik pisan, wisata taman sehat hidroponik , sing ora kalah kesengsem ya kuliner jajanan Jadul..hehe idep2 nostalgia nalika tesih jaman bocah. Deleng minat warga Poerwa wis Jan Joss temenan_
_Ya Miturut grenengane kanca anggota Jarene sih Dolbar kiye Arep dadi program temu kangen 3 Wulanan. Miturut slentingane sih sing paling nyamleng ya wisata kulinere. Dolbar menikmati panorama gunung Sindoro sumbing , ndeleng pagelaran tari dayakan dll, mangan enak bernostalgia jaman cilik, mriksani taman bunga kanggo Selfi pamer kanca, anak mantu lan putune. Jan wis senenge ngudubilah. Ayo Wulan Desember 2019 Dolbar ngendi maning.. gilirani kelompok Liya..._
_Wis semene Disit... Sambung cerita liyane sing penting sehat, semangat, umur kena tuwa, silaturahmi Dulur Ngapak, tetep Kompak ...🤪_
_<pey@ngpenjolMtln>_
Safari Hidayat - Anggota Warga Purwa