Hiburan

Bathuke Kaki Santarji Nonong Sebakpao

Kamis, 26 Juli 2018 23.46

Rumangsane sing duwe dhapuran pring kae thok apa, Kaki Santarji mbatin. Ora kelilan, Kaki Santarji gagean lunga merga Kaki Kusen langsung nggenjlub aring njero umah.Dheweke banjuran mlaku aring nggone Kaki Wahab. Desa Pegandhulan lemaeh manjat temurun. Maklum anu desa nggunung. Gutul nggone Kaki Wahab ambekane Kaki Santarji ngos-ngosan kaya suara basur agi mbandreng nundhungi enthog. Kebeneran Kaki Wahab agi neng karangan. Dheweke agi ramban. Agi ngarit suket kalanjana pakan wedhus neng ereng-ereng. “Kaki Wahab, nyong tek tuku pringe lah. Olih mbok?” Krungu suarane Kaki Santarji, Kaki Wahab mandheg gole ngarit. Ngarit nyambi mangsuli pitakonane Kaki Santarji mringgani, tangane bisa kecoas arit. “Seh, ya olih-olih bae koh. Ngapa si ora olih?” “Eh, mbok rika agep kaya Kaki Kusen, negor pring kudu nganggo petung Jawa” “Negor pring koh ndadak nganggo petung? Ora gaul temen. Bodho temen. Ari nyong tah agep negor ya negor bae. Kadar pring-pringe dhewek ikih.” “Inyong siki nuku pring sekaeh-akeeh sisan mbuktekna negor pring ora nganggo petungan pranata mangsa ora papa. Tek tuku sing akeh sisan, agep nggo njaro pekarangan umah.” Siki mangsan nom. Mulane udan neng desa Pegandhulan agi gemrujug-gemrujuge. Kewan apa bae agi padha ngendhog utawa manak. Mulane neng dhapuran pringe ana susuh bajing agi nyindhil, akeh susuh manuk agi miyik, susuh semut krangrang agi akeh kroto. Rayap, orong-rong, jangkrik lan gasir ngendheng-endheng sing agi nglueng neng ngisor papringan. Wit pring neng mangsan nom agi padha manak, agi akeh bunge lan carange. Mula kuwe oyod wit pring kudu kiyeng nyengkerem lemah dhapuran pring, merga lemaeh agi amoh. Kaki Wahab gagean ator pring seakeh-akeeh. Saben wit pring sing detor ora gelem tiba lemah merga semendhe aring sing durung detor. Kaki Wahab kantru narik pring supaya tiba lemah. Kepeksane ngodhekna wong. Wong telu ngadeg neng ngisor dhapuran pring. Sewetara kuwe Kaki Santarji ngadeg neng ngisor igir. Breeeggg..... kedadean dhapuran pring longsor kayong gelis pisan. Untung bae Kaki Santarji indha. Dadi dheweke kur kurugan pring siji, presis kenang bathuke. Kaki Santarji nggleyeng sewetara, bathuke nonong sebakpapo.

Penulis: Hari Widiyanto

Editor:

Berita Terkait

Copyright ©2024 Suara Purwokerto. All Rights Reserved

Version: 1.23.3 | Build ID: FHBRa1vRFd-dgFqX1RoWX