Hiburan

Padha Sombonge

Selasa, 24 Juli 2018 14.49

Udan esuk-esuk mbeke terang, Kaki Santarji wong sugih-sugieh desa Pegandhulan aring nggone Kaki Kusen. Rekane agep nuku pring telung kodhi nggo ngganti jaro trajak mburitan. Soten Kaki Kusen ora gelem negorna senajan butuh dhuit nempur beras.

"Sombong. Gugon tuhon!  Jaman moderen negor pring koh ndadak nganggo pranata mangsa? Ora gaul temen? Rika siki wis gableg dhuit apa?" kambi menthang kelek Kaki Santarji morot-morot. 
 
Orane agi ngrasani ya? Katone koh Kaki Santarji  sinis temen kambi etungan Jawa? Apa-apa desrambah uyah gugon tuhon. Kaki Santarji ora nggugu babar blas kambi pranata mangsa sing degawe para leluhur. Magane para leluhur ora kur pinter, uga akrab kambi alam. Samubarang sing arep detumindakna mesthi nganggo kearipan lokal. Genah negor pring  mangsan rendheng mesthi pringe ora awet nggo ngadoni apa bae koh. Kanggo cagak emper gelis bonto, kanggo nggawe tabag gelis njamur, kanggo nggawe jaro gelis bubuken.

"Kaki Santarji, rika sing sombong karo alam. Alam toli sing nggawe Gusti Allah? Jarone dicet ya tetep bubuken angger pringe negor pas mangsan rendheng. Turan, neng mangsan rendheng oyod dapuran pring agi nggo godogan lemah miring sing gampang gugur.  Aja dupeh rika ngeneh nggawa dhuit nyong gelem negorna ya!" Kaki Kusen njawali.

"Rika sekiye wis sugih apa ora butuh dhuit nempur beras?"

"Dhuit inyong ya butuh nggo nyambung urip, apa maning inyong wong mlarat.  Soten ora dupeh butuh dhuit banjuran sewayah-wayah gelem negor pring. Wulan sing paling pas karo musim ya wulan Hijriah. Wulan hijriah padha karo wulan Jawa. Mulane dina bada mesthi tanggal 1 Syawal, tanggal nasionale bisa tanggal pira bae, wulane bisa wulan apa bae. Saben tengah wulan Jawa mesthi terang wulang. Beda kambi wulan nasional. Petungan Jawa bab pranata mangsa mulane ora tau mleset. Semana uga petungan negor pring.

Kaki Santarji egin menthang kelek bae, magane keleke mambu langune pol. “Rika ora ngguroni! Inyong lewih pinter ketimbang rika!”

“Pokoke nyong gelem negor  pring angger etungane ora pas," Kaki  Kusen mlaku ngetiprit mlebung umah ninggal Kaki Santarji neng latar. 

"Sombong!" suarane Kaki Santarji ngegas  kaya ngegase mongtor RX King.

"Rika sing sombong," Kaki Santarji gole njawali tiru-tiru kaya suara mongtor RX King ngegas.

“Rika agep aring Gombong apa Kang, deneng ujug-ujug ngomong Gombong?” Nini Kusen sing agi neng bale takon.

“Budheg rika lah!!”

Penulis: Hari Widiyanto

Editor:

Berita Terkait

Copyright ©2024 Suara Purwokerto. All Rights Reserved

Version: 1.23.3 | Build ID: FHBRa1vRFd-dgFqX1RoWX