Hiburan

Kolom Kang Hari Wid : Lagi Syantik

Senin, 23 Juli 2018 12.11

Kaki Santarji wong sugih-sugieh desa Pegandhulan. Sawah lan tegalane ngablak-ngabak. Panen tanduran pari lan palawijane aweh kasil maen pisan. Pendheken, ora nana wong tanen neng Pegandhulan sing kasile maen kaya kaki Santarji.

Wong sedesa wis ngerti kabeh, Kaki Santarji angger tuku winih, pupuk lan ubarampe tandur ora tau waleh tukune neng ndi lan cap apa. Semana uga, cara ngrumat tanduran keprimen neng kaki Santarji dadi wadi deomong-omongna kambi liyane. Angger nandur winih pari, bungkus winieh langsung deobong mbok buruh tanine lan liyane padha ngerti. Semana uga angger mupuk lan mbrantas ama penyakit, bungkus pupuke lan bungkus racune uga langsung deobong.

Kaki Santarji putune akeh. Jenengan putune maen-maen lan dudu jeneng pasaran utawa kodhen, wong genah sing aweh jeneng kaki Santarji dhewek.

Kaki Santarji seneng nonton acara inpotaimen neng tipi. Mulane ngerti padudon antara bidhuan pop Syahrini kambi bidhuan dhangdhut Siti Badriah. Syahrini sing rumangsa gawe lan ngondhangna istilah lagi syantik, sing olih rejeki malah Siti Badriah merga nembangna lagu sing judule Lagi Syantik. Syahrini dadi ngalami kapitunan.

Ngawekani kapitunan sing dealami dening Syahrini merga istilah lagi syantik denggo judul tembang neng Siti Badriah, Kaki Santarji banjur wara-wara aring wong sedesa Pegandhulan ora olih njenengi bocah kambi jenengan putu-putune. Kiye kanggo ngawekani wong desa Pegandhulan njenengi bocah niru jeneng putune kaki Santarji, konsupaya dheweke ora ngalami kapitunan kaya sing dealami dening Syahrini.

Penulis: Hari Widiyanto

Editor:

Berita Terkait

Copyright ©2024 Suara Purwokerto. All Rights Reserved

Version: 1.23.3 | Build ID: FHBRa1vRFd-dgFqX1RoWX