Budaya

BANYUMASAN

Jumat, 5 April 2024 08.41

 Kaki Waras Nonton Kontes Manuk Ocehan (1)

Dina Setu tekan Minggu kiye ana tontonan maen neng kompleks pendapa Kecamatan Pegandhulan. Ya kuwe tontonan kontes manuk ocehan.  Jerene kontes manuk ocehan gedhen, model kontese uga ora kyanaing uwis-uwis . Miturut kabar sing sliweran neng Medsos, acara kontes manuk ocehan kiye kelebu kegiatan pariwisata motif kunjungan MICE (Meeting, Intensive, Confrence, Exhibition), khususe kegiatan exhibition.

Tumrap Kaki Waras, kudu nonton tontonan kiye, nek ora nonton sing rugi ya kucing. Ningen gole nonton aja ngasi konangan  panitya  lan konangan Pak Bopati Boledkacel. Mulane dheweke nyamar nganggo kaca mata ireng, iketan lan nganggo masker Covid 19 sing amba oisan

Deneng gole nonton kontes manuk ocehan aja ngasi konangan panitya lan Pak Bopati Boledkacel? Apa hubungane?

Langka-langka wong kaya Kaki Waras. Wonge lembah manah, samadya, lan ora tau nganyorna awake dhewek angger njaluk pakaryan utawa duwe pakaryan. 

Mulane tangga teparone, tangga sedesane, wong sekecamatane lan wong sekabupatene palah ora ngerti Kaki Waras kuwe sapa. Sing ngerti Kaki Waras kuwe sapa palah wong adoh, wong beda desa, beda kecamatan kan beda Kabupaten. Presis, Kaki Waras kaya dene dhukun misuwur, mujarab lan misuwur, biasane palah tangga teparone ora ngerti. Angger ana wong adoh goleti alamate aring tanggane palah padha kaget lamon dheweke kuwe dhukun.

Kaki Waras aja maning nganyor ben olih pakaryan. Dheweke ora tau njaluk pakaryan. Angger duwe pakaryan neng tengah masyarakat ora tau ngaku kuwe pakaryane. Ora kaya wong liya, utamane angger pakaryan kuwe kasile apik, padha rebutan pengakon. Aja maning ngepuk-puk dhadha,  kosok balene, Kaki Waras palah umpetan bar nglakokna pakaryan apik. 

Kabare, Pak Sandiarja Bopati Boledkacel agep pidato mbukak acara kiye. Kaki Waras duwe pengarep muga-muga gole pidato ora pidato sing sepele merga acara kontes manuk ocehan kiye dudu kegiatan masyarakat sing sepele. Muga-muga gole pidato ora kur kaya kiye: "Saya sangat senang atas terselenggaranya acara kontes burung berkicau ini. Semoga acara kontes burung berkicau ini bisa mempererat tali persaudaraan antar anggota komunitas kicau mania di Kabupaten Boledkacel."

Penulis: Hari Wid

Editor: Ismer

Berita Terkait

Copyright ©2024 Suara Purwokerto. All Rights Reserved

Version: 1.23.3 | Build ID: FHBRa1vRFd-dgFqX1RoWX