Suara Purwokerto - Puisi
Ayang Oyong
Anggitane : Edi Maryono
Rasa bosen nang ngumah bae
Tangan nggegem ora ngode
Kedesek kudu ngempani anak bojone
Njaluk sumbangan sembako nelangsa rasane
Ayang oyong ora ngode
Nganggur bejegur
Ati bunek pikiran mingser
Tongkrongan nang gang pertelon ora nganggo masker
Dicokot corona nembe krasa
Memet lara perih luar biasa
Nek ora ketulungan uwis mati
Oalah nembe ngajog ketemu mburi
Mulane pada sing ngati ati
Nganggoa masker aja keri
Aja lungan usah kluyuran angger langka kepentingan
Aja nyepelekna protokol kesehatan
Ndonga bae pada ndonga
Men corona enggal lunga
Ayang oyong ora guna
Purwokerto Kidul, Senin 28 Juni 2021