Budaya

BANYUMASAN

Rabu, 17 April 2024 08.24

Kaki Waras Nonton Kontes Manuk Oceh-Ocehan (1)

Mula buka Kaki Waras nyamar gole nonton kontes manuk ocehan kaya-kiye:

Awan-awan Kaki Waras agi sleketan. Dheweke agi ramban godhong kethewel. Pas Agi penekan, ujug-ujug HP neng sak kathoke moni onen-onen gendhing Eling-eling Banyumasan. Nada dering HP-ne pancen disetel gendhing barungan ebeg Banyumasan mendem.

"Asalamualaikum " swara wong lanang keprungu sekang HP jadul.

  "Waalaikumsalam. Halooo, sapa kiye yah?"

"Inyong Sandiarja."

"Sandiarja tukang tebas pete apa?"

"Huss . Inyong Sandiarja Pak Bopati Boledkacel.

"Oh nggih, sendika dhawuh Pak Bopati," ngerti sing tlepon Pak Bopati, Kaki Waras nibakna arit, banjur mrosot.

"Panjenengan koh pirsa nomer HP kula tiyang mboten gadheh, kula toli sanes sinten-sinten?"

"Ana sing aweh nomer HP-ne rika.."

Pak Bopati tlepongan eh tleponan karo Kaki Waras jebule agep aseng sarapan neng umah dines. Ningen Kaki Waras malah bingung, Inyong deasemg sarapan gep kon ngapa kiye? Wong dhasare dheweke ora kenal karo Pak Bopati. Kur ngertine aran Bopati Boledkacel sing siki kuwe Sandiarja.
***

Ngesuke jam pitu Pak Sandiarja wis ageman sragam dines pedinan, neng dhadhane wis ana templekan jengkol  simbul jabatan. Panjenengane wis lenggah neng ruang dhahar. Dhaharan sarap wis cemepak, ningen dhahare ngenteni Kaki Waras teka.

"Kula nuwuuun.." Kaki Waras teka dejujugna ajudan Bopati 

"Mangga " Pak Bopati gagean nyalami. Sewise basa wayu (nek basi dudu basa Banyumas), aseng sarapan bareng, dikancani neng Bu Bopati sing mlowes pisan tur semlohe.
 
Sega goreng peda campur pete masakane Bu Bopati nylekamin pisan.  Mulane, sega neng ancengane Kaki Waras gelis pisan ludhes dhes.

Bar kuwe, Pak Bopati aseng Kaki Waras jagongan teras mburi umah dines sinambi medang clebek, nyamikane tempe munthuk diglepungi. 

  "Ki, kiye agep ana kontes manuk ocehan neng komplek pendhapa Kecamatan Pegandhulan. Rika nyumbang  ide gagasan ya? Kejaba nyumbang ide lan gagasan aring bocah nom-noman  panitya penyelenggara. Intine, konsupaya kontes manuk oceh-ocehan sing kiye ora ajeg kaya sing uwis-uwis. Mula kuwe, ide lan gagasan kreatif sekang rika perlu pisan."

"Siapp Pakkk!"

"Rika toli tau gawe tulisan neng Medsos bab paparan ide lan gagasan kreatip kanggo nganakna kontes manuk oceh-ocehan sing ngandhut makna  ekologis, keekonomian, kesosialan lan empowering kelompok utawa komunitas masyarakat utamane komunitas kicau mania?"

Kaki Waras madan nyengir, jebule Pak Bopati maos tulisane neng Medsos. "Siaaappp, Pak Bopati!!", Kaki Waras sendhika dhawuh, gayane kaya sentara.

"Angger kaya kuwe, siki ketua panityane tek tlepun kon ngeneh, kon dopokan karo rika. Rika kene bae aja gimin bali. Inyong agep dines,  Turba aring desa mencil neng igir gunung Mamet. Pokoke omongna bae ide gagasane rika kanggo kontes manuk ocehan. Mengko nek panityane ora manut omongane rika,  omongna aring Inyong. Arep glitho ben manut. Babagan beaya kegiatan sekang komunitas kicau mania mengko ben ditambahi neng Dines sing ana gandheng cenenge karo kegiatan kiye.

"Siaapp Pakkkk.."
****

Jebule neng Pak Bopati, Kaki Waras dedadekna konsultan kontes manuk ocehan, alias dadi steering comitee kegiatan.  

Pak Bopati ora sreg karo kontes manuk ocehan sing wis lumaku. Kit ganu tekan sekiye kur kaya kuwe-kuwe bae, ora nana inovasine blas, alias monoton. Anane kontes manuk ocehan kebon malah gawe manuk-manuk kebon entong. Wit mirah kuntheten merga godhonge bundhis. 

Tapi ya ora maido, anane kontes manuk ocehan marekna industri permanukan thukul. Tukang gawe kurungan manuk dadi olih kodhen. Industri  aksesori kurungan manuk kaya wadah pakan plastik, pang thangkringan manuk, krodhong kurungan manuk lan industri aksesori liyane dadi thukul. Semena uga industri pakan manuk gawean kaya voor, obat-obatan manuk lan pakan alami kasil budidaya kaya jangkrik lan cacing. Apike ana kontes manuk ocehan migunane njembuwale pegaweyan anyar, sing maune padha ora duwe pahal, dadi duwe pahal dadi manol utawa maklar dol tinuku manuk ocehan.

Merga ana kegiatan budidaya manuk ocehan murai batu kelas kontes, dadi ana prosesi anyar tukang ingu murai batu. Akeh wong sing detitipi ngingu murai batu produktif. Angger wis netes dheweke sing nglolohi piyike. Angger wis dadi murai batu trotol lan wis teyeng nyucuk dhewek banjur desetirna juragane lan olih dhuit kodhen.

Komunitas kicau mania komunitas sing paling mandiri,  paling swadaya lan paling temua. Angger nganakna kegiatan kontes manuk,  ragad kontes kaya dene konsumsi panitya, sewa tarub, honor juri, hadiah dhuit, piala lan piagame sekang dhuit kontribusi pendaptaran kontes, ora sekang kasil thole-thole aring Dinas.
****

Dina Setu lan Minggu wingi acara kontes manuk oceh-ocehan sida kaleksanan neng komplek pendapa Kecamatan Pegandhulan. Dina setu babak penyisihan, dina minggu babak final.

Hadiah kanggo pemenang manuk ocehan kasil anakan (tangkaran) digedheni tikel sepuluh neng Pak Bopati. Kaya dene kanggo manuk pemenang kontes kelas Pleci, Jalak Kebo, Anis Abang lan Anis Kembang, Jalak Ijo, Trocokan, Kethilang.

Wetara kuwe, manuk ocehan tangkepan kejaba sing dikontesna semending,  hadiah dhuite blas ora digedheni. Apa maning kanggo manuk sing  populasine olih pengawasan meh punah neng BKSDA kaya dene manuk pleci, sogok ontong (pie jantung), Sikatan, Kolibri Ninja, Prenjak, Murai Batu, lan liyane. 

Kelas lomba sing paling maen ya kuwe kelas manuk murai batu, prekutut, bekisar, ayam alas. Juragan-juragan gedhe sekang kota-kota gedhe padha teka gawa satwane sing regane larang lan wis tau dadi jawara neng kontes-kontes manuk ocehan neng ndi ora. Kuwe merga kehumasan panitya maen pisan, turan hadiah dhuite pancen gedhe. Semena uga pialane.

Manuk ocehan sing dikontesna diakehi. Ben panitya olih dhuit pendhaptaran akeh. Ben olih lewihan kanggo nganakna kegiatan maning 

Acarane ora kur kontes manuk ocehan. Palah ana acara penyuluhan sekang BKSDA bab pelestarian dan keseimbangan alam khusus fauna manuk. BKSDA sanggup aweh bantuan sertifikasi kanggo penangkar manuk ocehan sing kelebu satwa agep musnah. 

Sewetara Dinas Perikanan,  Peternakan dan Kesehatan Hewan  nganakna penyuluhan kesehatan hewan kanggo para penangkar manuk ocehan, manuk bekuran kaya dara, deruk, puter pelung, manuk manggungan kaya perkutut, kewan klurukan kaya ayam alas,  bekisar.

Merga hadiah dhuit kanggo manuk ocehan kasil tangkaran digedheni tikel sepuluh, wong sekang njaba kabupaten akeh sing padha teka nggawa manuk ocehan. Hotel neng kota Mitroboledan ibukota Kabupaten Boledkacel dadi padha kebek tamu nginep. Neng kompleks pendapa kecamatan akeh pit montor lan mobil akeh sing parkir. Para sinoman anggota Karangtaruna nariki restribusi parkir kanggo imbuh kas panitya. Dagangan jajanan lan ombean padha payu. Kabeh kuwe marekna dhuit puteran neng Kabupaten Boledkacel nambah.

Pendheken, najan katone kur cepethe, kegiatan kontes manuk ocehan bangeting migunani secara ekonomi, moneter daerah, secara kesosialan masyarakat/komunitas, secara ekologi. Apa maning angger kelas kontese digedheni dadi kelas propinsi utawa nasional.

Penulis: Hari Wid

Editor: Ismer

Berita Terkait

Copyright ©2024 Suara Purwokerto. All Rights Reserved

Version: 1.23.3 | Build ID: FHBRa1vRFd-dgFqX1RoWX